TRESNO.......??????
pirang-pirang sasi kepungkur
nalika samana rasa tresna ngebeki jeroning kalbu
rasa tresna sanalika teka tanpa kandha
ora mung kaping pisan
awakku nyedhaki awakmu
tapi cangkemku kaku..
ora bisa ngucap tembung "tresna" kanthi terang
amarga aku isin karo awakmu
awakmu sing iso ngluluhna atiku
dudu amarga ragamu sanajan pancen ora ana cacat
dudu amarga bandhamu sanajan kowe pancen sugih
dudu amarga ayu-mu sanajan kowe pancen ayu
tapi karana kudhung sing nutupi awakmu saka dhuwur tekan ngisor
tapi karana ucapmu sing tansah nentremake atiku
aku ora iso ngendhani, kuwi sing marahi ser-seran atiku
[sakjane] atiku yo ancur
tapi yo rapopo
aku dadi luwih sadhar
ilmuku durung dhuwur, isih cethek banget
isin aku marang awakmu
saiki aku meh ngucapna matur nuwun marang awakmu
lantaran awakmu aku dadi semangat olehe nggape ilmu
sanadyan saiki wis dudu kuwi sing dadi sebab utama olehe aku golek ilmu
golek ilmu wajib marang kabeh muslim ngasi ana ing luwangan kubur
saiki atiku luwih legawa
kabeh takserahne marang gusti Allah
yen pancen jodhoku yo cedhakna,
yen dudu yo adohna
wis ora pati mumet mikirne kaya kuwi
kabih wis Allah sing ngatur
matur kesuwun....
